Kasinen
Dina minggu iki ora koyo minggu-minggu biasane. Langite padang, srengenge new is nylorotake sinare. Saka kulon Warto kang muleh saka pit-pitan mampir neng omah.
“Aku nunut leren yo???.... “ “Yo!!!! Kene tak gawekake wedang dhisik”Mangkono wangsulanku. Warto klekaran ana ing latarku, pite mek diselehake neng cedak dalan.
“..ki wedange..” “yo.. nuwun yo!!!”
“Eh Na, Erna ayo gawe sego goreng!!!!” pangajake Warto. ‘yo ayo! Mek aku ora duwe lombok je!!” “elehh.. Yo kene tak tukokke dhisik”.
Sawatara aku nyiap-nyiapake bahane Warto Wis muleh saka warung. Dheweke ngunek-ngunekke aku amarga duite sek kanggo tuku lombok kurang. Dadine utang karo bakule.
“Yo wes To rapopo kowe pisan-pisan ngutang..Ko esemi we, utangmu wes kanggo lunas ngggo bakule..” guyone erna. “hahaha…yo mesti tha!! Wong ganteng koyo Justin Biber ngono kok..”wangsulanne Warto ora gelem kalah.
Sawise guyon sithik-sithik aku lan Warto mangsak sega goreng. Aku sek ngracik lan ngulek bumbune lan Warto sek nggoreng segane. “..weh ..saka ambune wes enak tenan ki. .yo istilahe menggugah selara makan lah..,wes pokoke wes pas, nek wes pas yo mantep..”omongane Warto kang crewet.
Banjur mateng Warto ngincipi sak sendok “..ehmm koyoke enak ki.., wehh weh..jih..uweekk ..ki panganan opo to yo???!! Asine ora karuh-karuhan “ “ne mu menehi uyah ki pirang bagor Na?? wah jan ..ra sido madang ki…” Ne muni-muni Warto nganti kupingku panas.
“Lha aku kan ra iso mangsak..” batinku muni kaya ngono. Aku kang ora iso mangsak yo mek meneng wae. Amarga nek aku jujur karo Warto yen aku ora iso mangsak, mesti aku tambah diseneni.
“hehehe.. ora popo lah To kanggo pengalaman!! Yo ora??!!!..mbok kowe ki ngajeni sithik ngono lho..”wangsulanku rada dhuwur nadane. “iyo..iyo.. suk meneh ki nek ra reti takon !!aja sok keminter!!” sarane Warto.
He.. ana opo iki??? Ibuku ws muleh saka pasar. “iki lho buk aku mau mangsak sego goreng ,tapi uyahe kakehan.dadi kasinen.banjur kui ak diseneni Warto.” Warto banjur semaur. “mbten bukk!! Kula mboten ndukani putranupun njenengan kok…kula namung sanjang yen mboten saged mangsak niku tanglet rumiyin marang kang sampun ahli.” Panjelase warto karo mliriki Erna.
“yo wes …rasah podo padudon..” “Na kowe nek ra reti ojo neko-neko, takono dhisik yen during reti. Ibuk gelem kok ngajari kowe mangsak..”
“tenanne buk??..oke deh buk..suk esuk aku diajari nggih??!!!”pitakon karo rasa seneng” “inggih cah ayu…” Warto banjur wangsulan “..bu niki sekule kulo beto wangsul nggih??kangem pakan sapine simbah..”
“Iyo tole gawanen wae” wangsulanne ibuku.
Akire sega gorenge mau mek kanggo pakan sapi ne mbahne Warto. Lan aku pengen ajar mangsak marang ibukku. Aku ora gelem dadi wong sing keminter.ayen aku ora ngerti aku kudu takon, ora kena meneng wae. Yo saka kono aku iso jupuk pengalaman. Piye sing becik lan ora becik.
“TAMAT”
0 comments:
Post a Comment